FILSAFAT TEMBANG PUCUNG Oleh Dr Purwadi, Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA. Hp. 087864404347 1. Nilai Filosofis Tembang Pucung Cangkriman. Tembang pucung cocok untuk menyampaikan ajaran budi pekerti luhur. Suasana tembang pucung memang riang gembira. Tembang pucung sifatnya mempunyai makna seenaknya, bersendau gurau. Pucung bermakna kluwak, pucuk dan diciptakan oleh Kanjeng Sunan Gunungjati. Gunanya untuk kelakar, teka-teki lucu, petuahContoh tembang pucung Bapak pucung cangkeme madhep mandhuwur Sabane ing sendhang Tumpakake lambung kering Prapteng wisma si pucung mutah guwaya Bapak pucung dudu watu dudu gunung Dawa kaya ula Ancik ancik wesi miring Lunga teka si pucung ngumbar suwara Bapak pucung gedhene meh padha gunung Sabane ing sabrang Titihane sang bupati Yen lelana si pucung lembehan grana Tafsir dan makna ajarannya Cangkriman adalah bentuk teka-teki Jawa. Disampaikan dengan sense of humour segar, menghibur dan lucu. Banyak unsur pendidikan yang bermanfaat. Cocok untuk proses pembelajaran. Santai tapi serius. 2. Pucung Gugur Gunung Gugur gunung gotong royong sambang srawung Ing pakaryan praja Ayo rowang dha nandangi Guyub rukun murih mulyaning negara Tafsir dan makna ajarannya Gugur gunung, kerja bakti, sambatan, gotong royong adalah bentuk solidaritas sosial yang sudah berlangsung turun temurun. Semua demi kesejahteraan bersama dalam hidup berbangsa dan bernegara. 3. Pucung Mangu Mandheg mangu si kancil ing lampahipun, sakedhap angungak, sigra denira andhelik, ngulap-ulap si kancil sadangunira. Mangu mangu si kancil kendel adangu, ngudi keng wardaya, yen nyata manusa yekti, pesthi obah lunga saking ing panggonan. Iku dudu sutingali nora maju, eca malangkadhak, mulya ana angin midid, mayug-mayug wewedi lir jumangkaha. Kancil gugup andhelik maras kalangkung, dangu ingantosan, mayug mayug tan lumaris, duh kiteng tyas sumyar gandaning kusuma. Pan sumawur mekaring pudhak gandarum, rumabaseng kisma, maletuk kaken tang tasik, sumarambah karya barubahing driya. Lunging gadhung tumiyung pinggir margagung, lir ngawe-aweya, atur sekare umiring, isthanipun lumaku yen pinethika. Sekar andul kalak kenanga keneng kung, kedah ingagema, maring kang amurweng tulis, semuning kang puspa karaseng wardaya. Dayanipun kusuma mrih marum-arum, maresep ri kang tyas, sekar sumarsana wilis, tulus arum rarase menuhi grana. Cipteng kalbu lir sengseming wanodyayu, yuwaneng bawana, mangkana kancil andhelik, nir ing kingkin wekasan suka ing driya. Pan kapanduk gandaning sekar rum-arum, kadi manggih retna, sawukir kancana rukmi, manggut manggut si kancil sigra maperak. Mring nggenipun wewedi pasangan pulut, kang mindha manusa, parek den iling ilingi, estu lamun wewedi dudu manusa. Kancil muwus kaya manusa rupamu, memedeni bocah, teka memarasi kancil, dene ingsun pareki nora ngapa. Serat Kancil Tafsir dan makna ajarannya Cerita kancil di atas memberi pelajaran bahwa akal di atas okol. Tindakan fisik masih kalah dengan akal pikiran jernih. Kancil bisa mengalahkan hewan kuat dan buas. Semata mata karena kancil pintar. Siswa-siswi hendaknya belajar tekun biar pandai. iv. Pucung Montor Mabur Montor mabur, montor mabur mabur duwur, Ngambah awang-awang, Ngungkuli sawah lan ardi, Ambok iya aku kena mela nunggang. Kaya manuk, saya suwe nyamut-nyamut, Bisa nyawang-nyawang, Kuta desa lawan kali, Wah ya seneng, yen aku diajak nunggang. Tafsir dan makna ajarannya Dolanan anak bisa disampaikan dengan tembang pucung. Suasana menjadi bergairah dan segar. Anak-anak bisa tampak riang gembira. 5. Pucung Negeri Loh Jinawi Negara gung gumilang kondhang ing kidung tanah pertanian gemah ripah loh jinawi hasil bumi hasil hutan hasil tambang Sawah subur dadi kang sarwa tinandur ladang perkebunan kinubeng ilining kali umbul mudal ikan darat angayangan. Linut laut kekoyanan ikan laut Pasisire lempar, Bandar datar makolehi Lunga teka prau dagang lelayaran. Pager gunung bebanjengan manjung-manjung Pacake weh pacak Lir pendah nggayuh wiyati Pagunungan lir lunglungan sesambungan Iring gunung alas agung liwang-liwung Grumbul bebondotan Anggarembel siluk sungil Rungkud singup wergu penjalin puletan Keh gurda gung kepuh pule lan kedawung Trembalo timaha Medang jati soga pakis Layak pepak pendelikan sato galak Nora ngumpul buron wana rina njedul Akeh warna warna Tan kamota yen tinulis Sawatara kinanda kayata sima Kethek lutung wawa biru munyuk kenyung Kidang lan menjangan Banteng warak gajah kancil Ula-sawa celeng genjik blegedepa Genti rembug yen mung kewan ora gutuk Ayo padha mawas Pawewehe Sang Pratiwi Pinilihan sing gampang kawruh padinan. Tafsir Maknanya. Serba subur Republic of indonesia sudah kasuwur. Dalam lemah mawarna Hasil tambangnya berlimpah ruah. Wujud bahan butuhnya perindustrian. Alam harus dilestarikan. half-dozen. Pucung Panglipur Rasa Sekar Pucung kanggo tamba ati bingung Panglipuring rasa Murih yuwana basuki Suka sukur awit kersaning Bathara Tafsir dan makna ajarannya Tembang pucung ini disajikan dalam bentuk gendhing ladrang laras slendro. Isinya mengenai hiburan dan berserah diri. Berdendang sambil bekerja. 7. Pucung Pasar Mlathi Bapak Pucung Pasar Mlathi kidul Denggung Kricak lor negara Pasar Gedhe kidul loji Menggok ngetan kesasar neng Gondomanan Tafsir dan makna ajarannya Belajar peta, geografi dan tempat penting disampaikan dengan lelagon. Biar mudah dihafal dan diterima oleh peserta didik. viii. Pucung Wedhatama Ngelmu iku kelakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani Setya budya pangekese dur angkara. Angkara gung neng angga anggung gumulung, Gegolonganira, Triloka lekere kongsi, Yen den umbar ambabar dadi rubeda. Beda lamun kang wus sungsem reh ngasamun, Semune ngaksama, Sasamane bangsa sisip, Saewa sareh saking Mardi martatama. Taman limut durgameng tyas kang weh limput, Kerem ing karamat, Karana karoban ing sih, Sihing sukma ngrebda saardi gengira. Yeku patut tinulad tulad tinurut, Sapituduhira aja kaya jaman mangkin, Keh pra mudha mudhi dhiri rapal makna. Nora weruh rosing rasa kang rinuwuh, Lumeketing angga, Anggere padha marsudi, Kana kene kaanane nora beda. Uger lugu den ta mrih pralebdeng kalbu, Yen kabul kabuka, Ing drajat kajating urip, Kaya kang wus winahya sekar srinata. Basa ngelmu mupakate lan panemu, Pasahe lan tapa, Yen satriya tanah Jawi, Kuna kuna kang ginilut tripakara. Lila lamun kelangan nora gegetun, Trima yen ketaman, Sakserik sameng dumadi, Tri legawa nalangsa srah ing Bathara, Bathara gung inguger graning jajantung, Jenek Hyang wisesa, Sana pasenedan suci, Nora kaya si mudha mudhar angkara. Nora uwus kareme anguwus uwus, Uwose tan ana, Mung janjine muring muring, Kaya buta buteng betah nganiaya. Sakeh luput ing angga tansah linimput, Linimpet ing sabda, Narka tan ana udani, Lumuh ala ardane ginawa gada. Durung punjul ing kawruh kaselak jujul, Kaseselan hawa, Cupet kapepetan pamrih, Tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa. Mangkunegara IV, Serat Wedhatama Tafsir dan makna ajarannya Pembicaraan tentang ilmu laku menjadi tema sentral bagi Mangkunegara IV yang memerintah tahun 1853-1881. Beliau menghendaki adanya keseimbangan antara faktor material, spiritual dan mental. Boleh berpikir global, tetapi berpijak pada gagasan lokal. Keduanya jangan sampai berbenturan. Setelah berusaha tak lupa berserah diri pada Tuhan, biar hati menjadi tenang. ix. Pucung Welinge Pak Guru Sing arukun heh pra muda siswaningsun lan pra kancanira aja demen apradondi Jogja samya angedohna pasulayan. Yen kesluru becik ngakoni yen kliru rukun weh santosa congkrah bubrah kang pinanggih ngelingana sapu yen suhe tan ana. Nadyan besuk poma aja tinggal rukun lan pra tangganira atulung-tinulung sami yen mangkana yekti jenjem uripira. Crah bubrah, rukun agawe santosa Mong kinemong, gotong royong satu hati. Tafsir dan makna ajarannya Ajaran tembang di atas menganjurkan agar dalam hidup bermasayarakat seseorang mau guyub rukun dan sikap saling menghormati. Tujuannya untuk mendapatkan kebahagiaan bersama. Arti filosofis tembang pucung berhubungan dengan ajaran luhur. Butir butir kearifan lokal disampaikan dengan penuh rasa keindahan.
Previouspost Sigra mabur, ing ngawiyat nyamut nyamut, Eram kang tumingal, Pan rupamu kaya anjin, Pating grayak bisa ngambah jumantara, Sawise nembang bebarengan, coba wangsulana pitakon ing ngisor iki, 1. Tembang ing ndhuwur diarani tembang apa?, Wangsulan:, 2. Isine tembang ing nduwur satemene mujudake apa?, Wangsulan:, 3. Coba manut panemumu apa batangane!, Wangsulan:, 4.Sigramabur, ing ngawiyat nyamut nyamut - 37327062 nadyakhalishlishtian nadyakhalishlishtian 08.01.2021 B. Daerah Sekolah Menengah Pertama terjawab Sigra mabur, ing ngawiyat nyamut nyamut Eram kang tumingal Pan rupamu kaya anjin Pating grayak bisa ngambah jumantara